• Asignatura: Geografía
  • Autor: nabilasalwaafiva96
  • hace 6 años

Sekaten
Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi
ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan
Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan
inggih menika mboyong 2 gamelan pusaka saking kraton
dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau
nggadhahi asma piyambak-piyambak. Ingkang sepisan inggih
menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken
wonten sisih kidul Masjid Agung Solo. Dene ingkang
satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari
ingkang dipunpanggenaken wonten sisih ler. Gamelan menika
dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu.
Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang
dipunwadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih menika
cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet.
Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten,
ing surya kaping 12 Mulud dipunwontenaken adicara Grebeg
Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan
gunungan saking kraton dumugi Masjid Agung. Gunungan
menika karonce dening kacang-kacangan, woh-wohan, sayuran,
lan sanes-sanesipun. Nalikanipun gunungan sampun dumugi
Masjid Agung, gunungan menika dados rebutan sedaya
masyarakat ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi
angsal berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekatenan
menika dipunpungkasi mangsulaken gamelan pusaka dhateng
Kraton.anggo bahasa krama

Respuestas

Respuesta dada por: luciana1234we
1

Respuesta:

Lo siento quisiera ayudarte pero no te entiendo igualmente gracias por los puntos.

Respuesta dada por: gilrneryf1718
0

Apa sampeyan pengin aku ngringkes utawa nulis sampeyan? yen nulis ya apik

Preguntas similares